OKOL KALAHE KARO AKAL

Wujute gajah mono pancen gedhe dhuwur. Duwe tlale kang dawa kena kanggo jupuk apa wae kang dadi kebutuhane. Duwe kuping amaba, yen mlakuu kumlebet kaya gendera. Duwe sikil kang kuwat tur gedhe. Duwe gadhing kena kanggo gaman yan memungsuhan. Luwih-luwih karosane ora ana sing madhani kabeh kewan. Nanging kena apa Gajah kena diapusi? Jalaran ora duwe kapitneran, mung ngendelake karosane, mula ora ane kerep diapusi.
Dina kuwi panas banget, Kancil krasa ngelak arep ngombe ora ana banyu tur adoh kali lan sendhang. Kapinujon secedhake kono ana wit klapa awoh ndadi, akeh janjangane kalapa tur isih degan. Nanging dheweke ora bisa menek. Pungkasane mung ndhodhok sangisore wit klapa. Pangarep-ngarepe mbokmenawa ana sing tiba. Nanging nganti suwe ora ana sing tiba, atine saya susah, malah nambahi rasa ngelake.
Kapinujon gajah liwat kono, banjur aruh-aruh Kancil, kena aoa lungguh ana kono ijen ora ana kancane. Kancil mangsuli yen ngenteni tibane klapa jalaran ngelak banget. Anggone ngenteni nganti awan, meksa ora ana sing tiba. Gajah krungu kandhane Kancil najur melu lungguh kao omong-omongan. Nyritakake werna-werna, nganti Kancil nemu akale. Kato nyawang Gajah, wiwit sak sikil nganti mandhuwu rtejane tlalane sing ora tau mandheg obah terus. Panemune pancen Kancil ora bisa menek wot klapa, nanging gajah sing mesthine bisa ngranggeh nganggot tlale lha kok mung meneng wae. Mula banjur kandha: “Jah, Gajah, apa tlalemu kuwe kena dianggo njupuk barang?”, pitakone Kancil. “O, talleku iki ta, bisa banget, gunane tlale iki bisa kanggo njupuk pangan, kanggo nyawatake barang lan kena kanggo njupuk banyu ngombe!”, wangsulane Gajah sajak ora ngerti karepe Kancil. “o, ngono ta, nanging aku durung tau weurh anggonmu jupuk lan nyawatake barang lan anggonmu ngombe”, Kacil nerusake pitakone. “we, lha Kancil bodho, ngono wae ora percaya lan njaluk buktine!” Kandhane Gajah lan takon marang Kancil: “ cil, apa kowe njaluk dibuktekke ampuhe tlaleku iki? Yen pancen ngono, apa karepmu!” Krungu kandhane Gajah mangkono, Kancil mikir, banjur mangsuli: “Jah, yen ngono coba jupuken klapa ing dhuwu rkuwi banjur sawatna sing adoh, yen bisa tenan aku lagi ngandel!”, panjaluke Kancil. “Elho, kowe arep njajal aku ta Cil?”, pitakone Gajaha. “Ora, aku ora bakal wani karo kowe, nanging apa ya bener yen tlalemu bisa nyawatake barang!”, wangsulane Kancil.
Gajah ngadeg jenggirat, ngobahake tlalene ngiwa nengen, lan maendhel mandhuwur nyapit klapa siji, bajur diontang-antingake disawatake nganti adoh, bleber …blas. Mangkoko bola-bali, nganti sakjanjang entek disawatake Gajah. Weruh klapa disawatake, lanwis akeh, Kancil kandha: “Wis, wis, Jah aku saiki ngandel yen kowe bisa ngundhun klapa.”
Bubar kandha mangkono kancil pamit lunga, sing saperlu nggoleki tibane klapa sing sauntara adohe. Dene Gajah mung plonga-plongo ngulataje lakune Kancil sing nggoleki tibane klapa. Suwe-suwe Gajah krasa yen diapusi Kancil, mula lakune Kanciil dioyak lan yen kecandhak bakal ditakoni karepe yen ora ngaku pancen patrape iku ngapusi mula Gajah bakal males

Tentang taoefiq27

I'm only usual man
Pos ini dipublikasikan di Cerita dan tag . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s