KUTHA BOJANEGARA

Sawise Pangeran Diponegara kapikut Kompeni, kabeh para pendhereke padha bubar golek slamet utawa golek bantuan anggone arep mungsuh Kompeni. Jalaran Kompeni pancen julig banget anggone nindakake perang, nganti Pangeran Diponegara bisa kapikut lan bisa dikalahake.
Ana sawenehe pendhereke keplayu nganti tekan wewengkon Jawa Wetan sisih lor, aran Temanggung Jayanegara kadherekake abdi aran Dhukut. Sejatine abdine wis didhawuhi yen ora kuwat ndherek supaya menyang asale. Nanging wis kadhung duwe jiwa semangat juang bela negara lan bangsa, mula niyate dilabuhi tekan pati yen durung bisa nelukake mungsuh Kompeni. Tumenggung Jayanegara dhawuh, yen ditandhingi kanthi srana gaman kang isih kuna iki ora bakal menang. Jalaran Kompeni duwe gaman kang apik modheren lan akeh.
Lakune Tumenggung Jayanegara lan abdine ngalor-ngidul munggah gunung mudhun jurang, ora genah tujuwane. Nganti awake rusak, jalaran kurang pangan lan ngaso. Mula sawetara suwene ing sangisore wit gedhe kang edhum leren, padha mangan saanane kang digawa. Bejane ing kono cedhak sendhang kang bening banyune, mula anggone golek ngombe ora kangelan. Rampung mangan Tumenggung Jayanegara dhawuh, “E, Dhukut, wis sawetara suwe aku lan kowe golek cara nelukake Kompeni, nanging takwawas wektu iki durung wektune, mula mengko aku dherekna sowan menyang Padhepokane Bapa Rajegwesi, kirane kowe isih kelingan dalane”, dhawuhe Tumenggung Jayanegara. “Inggih kula taksih kemutan marginipun, pramila mangga enggal bidhal mumpung taksih wonten surya”, wangsulane Dhukut.
Bubar rerasan banjur budhal mengidul nrajang gunung gamping, banjur mudhun nganti tekan sacedhake kali bengawan banjur menggok ngetan. Ora watara suwe wis tekan laladan padhepokan Rajegwesi, sing dituju. Tekane Tumenggung Jayanegara lan Dhukut, ndadekake kagete Kyai Rejegwesi, jalaran pancen Tumenggung Jayanegara iku siswane sing manut lan pinter, wis sawetara taun ora ana katon. Mula tekane ndadekake bungahe Kyai Rajegwesi. Sawise ngabarake keslametane, Tumenggung Jayanegara ngandharake sakawit ndherek Pangeran Dipanegara mungsuh Kompeni. Nanging bareng Pangeran Dipanegara kabujuk lan banjur dikunjara, atine Tumenggung serik banget awit akale Kompeni. Nganti keplayu golek bantuan anggone mungsuh Landa. Dene Kyai Rajegwesi mung meneng lan ngrungokake kabeh critane Tumenggung Jayanegara. Rampung critne Tumenggung Jayanegara, Kyai Rajegwesi paring dhawuh yen wektu iki durung wancine, mula prayoga leren ana Rajegwesi sawetara. Dene sing didhawuhi amung manut dhawuhe Kyai Rajegwesi.
Nganti meh setaun Tumenggung Jayanegara lan Dhukut abdine leren ing Rajegwesi, ing kono nindakake apa sing didhawuhake Kyai Rajegwesi yaiku nyuwun pangayomaning Pangeran lan pituduh supaya bisa mbelani Negara lan bangsa. Nanging nganti wektu iku durung oleh wangsit, kepara Kyai Rajegwesi dhawuh, gandheng yuswane dungkap sepuh, ing mangka kagungan ingon-ingon wujut kebo siji, supaya Tumenggung gelem ngopeni, lan samangsa kebo mau lunga, supaya ditutake menyang ngendi tujuwane. Yen kebo mau leren, ya ing kono dununge Tumenggung Jayanegara kudu leren lan gawe desa. Dene yen kebo wis mati sepaya dirukti samesthine.
Batine Tumenggung Jayanegara sedhih banget, jalaran Kyai Rajegwesi iku gurune kang tresna marang siswane, mangka wis dungkap sepuh, sarta bakal ninggalake padhepokan. Trenyuh banget atine lan rada bingung antuk dhawuh, “Apa ana manungsa didhawuhi ngetutake kewan?”, jrening batin. Nanging kabeh mau pancen sajak ana kang wigati, mula kabeh dhawuhe bakal ditindakake. Luwih-luwih dhawuhe guru.
Tekan dina kang wus katetepake, kebo diuculake, dene Tumenggung Jayanegara lan Dhukut ngetutake ing burine saka kadohan. Lakune sedina, rong dina, seminggu, sesasi, rongsasi nganti meh setengah taun lakune kebo isih ditutake. Nanging dayane wis tuwa tur ora kopen pangane, kebo suwe-suwe ambruk. Sadurunge ambruk noleh sing ana buri, ngawasake Tumenggung lan Dhukut, kaping pindho, banjur kebo mati. Weruh kebo wis ora obah Tumenggung Jayanegara nututi lan marani dununge. Bareng ngerti kebo wis mati, banjur dirukti apa mesthine manut dhawuhe Kyai Rajegwesi.
Rampung anggone ngrukti kebo, banjur golek papan sing prayoga banjur wiwit babat-babat gawe pasanggrahan. Suwe-suwe akeh para warga kang teka., sajake ya pandhereke Pangeran Dipanegara, nganti dadi desa lan rame. Para warga padha gawe omah lan gawe tegal sawah supaya ditanduri pangan kanggo nyukupi kebutuhan. Kabar kinabaran para warga sya akeh kang manggon ing kono, nanging desa mau durung ana jenenge. Mula usule kabeh warga supaya Tumenggung Jayanegara sing gawe jeneng. Penggalihe kelingan ngendika, KEBO JAYANEGARA, tegese kebone Temanggung Jayanegara. Mula jeneng mau banjur karacik ke-BO, JA – NE – GA – RA; Banjur diringkes dadi jeneng BOJANEGARA. Ing besuk yen ana rejane jaman, papan iki dijenengake BOJANEGARA.

Tentang taoefiq27

I'm only usual man
Pos ini dipublikasikan di Cerita dan tag . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s