ARYA DAMAR

Ing pulo Maduro ana nom-noman kang duwe kasenengan dolan menyang alas. Saben dolan ora keri gamane kang awujut panah. Saben dina saba alas ora ngetung adoh cedhake saka omahe, lan ora ngetung awan utawa bengi. Lakune ijen tanpa kanca, nasak alas munggah mudhun jurang ora weah sing dikarepake mung seneng atine ora ngrusugi tanggane lan kancane, sarta ora ngruska lingkungan. Yen ora kepepet ora bakal mateni kewan alas. Menawa lakune diganggu gawe, panahe lumepas ngenane kewan sing gawe ganggu lakune. Nom-noman mau jenege Arya Damar. Isih jaka durung duwe bojo, mula lumrah yen arang banget ana ngomah. Mulih mung saprelu tilik omah lan resik-resik sawetara, yen wus rampung banjur lunga menyang alas maneh. Kaya ngono lelakone Arya Damar. Nganti kanca-kancane wis padha duwe bojo kabeh.
Sasuwene ana alas, anuju padhang bulan, Arya Damar nginep ana alas. Dheweke wedi yen diganggu kewan galak, mula anggone turu menek uwit. Sajrone ana dhuwur uwit, dheweke ora bisa turu ngati tengah wengi. Lamat-lamat keprungu swarane wong wadon padha sesukan, padha ngguyu cekikian, sajake seneng atine. Nanging menawa dirungokake, swara mau cat krungu cat ora. Ghandeng kahanan wengi, dadi swara mau nadyan adoh bisa keprungu. Nanging dununge durung ngerti. Niyate bakal kepingin ngerti, mula nggone menek rada mendhuwur, dadi bisa weuh kiwa tengene rada adho.
Panyawangane pancen bisa nyawang ngendi-endi, nanging nadyan krungu wara, ora ketemu dununge utawa asale. Wengi iku padhan bulan, megane katon padhang ora ana mendhung, ewadane sing digoleki durung ketemu, mula niyate arep turu. Lagi entuk sakliyepan, kurungu swara guyu cekikian lan sajake swara wanita, jenggirat melek byar, nelingake kupinge, nlusur panyawange, suwe-suwe ngerti yen swara mau dununge ora adoh sala papane menek. Sangisore wit gedhe ana sendhange. Arya Damar mudhun alon-alon. Lakune nyedhaki sendhang, kanthi ngati-ai supaya ora dingerteni tekane.
Sacedhake sendhang ana grumbul. Dheweke banjur madheg, nyawang ing sendhang ana wong wadon padha adus lelumban. Arya Damar nyedhaki lan njupuk sandhangane siji digawe ndelik.
Krungu swara jago kluruk, cekat-cekat wong wadon mau padha gage mentas saka sendhang nggoleki sandhangane. Bareng wis ketemu banjut padha mabur singgalake sendhang. Anehe ana siji sing ora busua mabur awit sandhangane didhelikake Arya Damar. Anggone nggoleki mubeng-mubeng, kepeksa ora ketemu. Bocah wadon mau banjur ambruk nangis. Krungu tangise, Arya Damar nyedhak lan nukungi aweh sandhangan, supaya ora kadheman. Sawise iku banjur diajakmulih menyang omahe Arya Damar. Dene sing diajak mung manut wae, sajake wis pasrah marang lelakone.
Esuk kuwi omahe arya Damar kebak tamu tanggane, nyatake yen Arya Damar entuk wong ayu. Bareng wis nyata kabeh padha senneng atine. Lelakon sakbanjure ora kacarita, nyatane wektu iku kuwi Arya Damar wis duwe bojo ayu. Ora let suwe banjur duwe anak, dijenengake Arya Kedhot.
Panguripane saya becik, srwung kro tangga uga becik. Prakara pangan, sandhang lan kabutuhan liyane ora kekurangan. Arya Damar diweling aja pisan-pisan menyang pawon lan bukak dandang yen pinuju ditinggal lunga menyang kali karo anake. Batine ya gene dadak kandha mangkono, sejatine ana apa, pari ing lumbung ora kalong mangka saben dina dimasa, kepengin ngerti mula Arya Damar bukak dandang. Atine kaget jalaran njero dandang mung ana pari sawuli. Ya bener yen parine ora kelong. Bareng bojone teka, dandang dibukak, pari isih wutuh tegese dibukak wong lanang. Nanging Arya Damar ditakoni ora ngaku. Kanthi mangkono bojone banjur nyambut gawe luwih mempeng nutu parine kanggo kebutuhan saben dinane. Suwe-suwe pari entek, weruh sandhangane biyen Arya Damar. Sakdurunge bali menyang kahyangna meling, yen anakae nangis supaya nyawnag rembulan. Dene bojone mapane ana ing satengahe bulan.
Atine Rya Damar susah banget, ditinggal bojone. Dene anake tetep diopeni. Gegere tangga teparo yen Arya Damar kelangan bojo. Uripe sakbanjure ora kacarita.sawise tuwa Arya Damar pamitan marang anake, yen dheweke arep tapa ing gunung, minangka panebus dosane marang ibune Arya Kedhot.
Manut dedongengan ing Madura, ya Arya Kedhot iki sing miwiti anane ratu ing Madura.

Tentang taoefiq27

I'm only usual man
Pos ini dipublikasikan di Cerita dan tag . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s