Dewi Trijatha

Mbah kakung : Begawan Wisrawa
Mbah putri : Dewi Sukesi
Bapak : Raden Wibisana (Harya Balik)
Ibu : Triwati
Sedulur : Bisawarna
Trijatha, putrine rayi wuragile Prabu Dasamuka, Wibisana, kang ing salawase iki tansah setia leladi lan njaga kawilujengane Dewi Sinta, tanggap ing semu. Munjuk atur klawan trapsila, lamun satemene kabar kang sumebar bab garwa lan rayi ipene kadhustha ing duratmaka durung kinar yen bener. Wis kerep ana kabar sumebar kaya ngono mau, ning nyatane ora bener, mung kabar apus-apus, gaweyane para pajineman, utawa iya saka kersane Prabu Dasamuka. “Mila Kusuma Dewi, Trijatha nedya lumampah nilar Taman Argasoka, ngyektosaken leres botenipun kabar kalawau. Trijatha nedya ngupadi sisik melik saking sumber-sumber ingkang langkung kenging kapercados!” “Iya, mung dak wanti-wanti banget Trijatha, aja suwe-suwe olehmu ninggal Dewi Sinta ana ing Taman Argasoka iki!”
Klawan ati bingung lan sedhih Trijatha wiwit mecaki dalan kang ora disumurupi nyang endi arahe. Swasana ing negara Alengka wektu iku tintrim. Semune gegodhongan ing pang-pang nagasari, uga padha melu ngrasakake swasana kaya ngono mau. Katone ora ana kang obah. Padha meneng anjekutut. Angin uga ora sumiyut. Katut ngrasakake tintriming swasana, lan kaprabawan ing sumebaring kabar kang ngandhakake, ana satriya pinunjul ing bumi, putrane ratu binathara ing Ayodya, Prabu Dasarata, musna saka embanan, dinustha maling culika.
Sawise adoh olehe nilar Taman Argasoka, Trijatha rada njomblak bareng mireng ana swara aruh-aruh kang asal saka gegrumbulan kang rungkut: “Mandheg sik cah ayu! Arep tindak endi, kok ijen!” Trijatha saya njumbul kaget bareng ngerti kang uluk salam mau jebul Anoman. Lan, sapatemone Anoman karo Trijatha ora adoh saka grumbul rungkut kang sepi, ngelingake Anoman duk nalika: Anoman malumpat sampun, prapteng witing nagasari, mulat mangandhap katingal, wanodya yu kuru aking. Gelung rusak wor lan kisma, kang iga-iga kaeksi.
Kang narik kawigatene Anoman nalika iku ora mung “wanodya yu kuru aking” ning uga kenya manis kuning kang ngaku sesilih Trijatha, putri Wibisana, isih tedhak turune pandhita linuwih Begawan Wisrawa kang kongang ngudhar kekerane Sastrajendrayuningrat Pangruwating Diyu. Malah citra lan wujuding kenya weweg manis kuning mau tansah kumanthil ing atine kethek putih kang aran Anoman, kang tau sinengkakake dadi putra angkate Sang Ramawijaya lan kaparingan peparab Ramadayapati.
Wiwit iku Anoman kapanduk ing rarasmara. Mung tansah diampet ana ing ati, ngelingi, sepisan: duk semana lagi ngemban tugas minangka dutane Sang Rama, lan kapindho, ngrumangsani wujud blegere mung kethek. Ambyar lelamunane Anoman bareng ngrungu swara pitakone cah ayu Trijatha, “Lho, ana apa dene jengandika ana ing kene. Ana parigawe apa?” Anoman bali sadar ing kanyatan, yen wektu iku mula lagi ngadhepi kuwajiban kang ora entheng, ngupadi sarta ngluwari kang pinundhi-pundhi Sang Ramawijaya dalah rayine saka balenggu bebandaning mungsuh. Trijatha nuli ingawe supaya nyedhak banjur jinarwan bakuning lelakon. “Kok iya kebeneran banget jengandika Sang Ayu rawuh rene. Lungguhing prekara rak ngene. Nyaketa mrene ta, sun bisiki wewadi iki…!”
Alon olehe bisik-bisik ing talingane sang ayu, “Gusti pepundhen kita Sang Ramawijaya wektu iki kinunjara ing gedhung kukuh kasebut, sarta kang wektu iki jinaga dening munyuk putih iku!” ngono Anoman olehe bisak-bisik karo nudingi arahe gedhung kukuh pakunjaran sarta munyuk putih kang lagi nindakake tugas jaga. “Banjur kersa jengandika priye, Anoman?” Trijatha genti nalesihake prekara wigati mau, uga klawan klesik-klesik supaya suket godhong ora ana kang ngerti. “Ngene Sang Ayu, jengandika ethok-ethok ngastaa kendhi isi banyu, sengadi dienggo tamba salite junjungan kita kang ana sajroning pakunjaran….”
Klawan setengah mandheg-mangu Trijatha ora nolak atur rigene Sang Ramadayapati. Bareng arep ngliwati munyuk putih kang tugas jaga njur diendheg. “Mandheg ora kena mbacut. Sapa bae ora kena liwat kene. Apa maneh yen arep nginguk pakunjaran. Ora kena. Lan ora bisa!” Trijatha manut, njur ngrerepa melas asih mothah supaya dililani sedhela bae ngaturake kendhi isi tambaning salit marang kang lagi kawlas asih kinunjara ing gedhung kasebut. Pamothahe mau sinambi wola-wali nyawang munyuk mau, lan—embuh apa sebabe – dene atine Trijatha kaya ketuwuhan rasa welas asih marang kethek kang tugas jaga kang ngaku aran Trigangga. Luwih-luwih wiraga lan swarane, nenangi rasa kangene marang sawiji kang katanem jero ana ing atine, ati wadon, atine ibu.
“Mbok inggih ta Ki Sanak, kula dipunparengaken sakedhap kemawon ngaturaken kendhi punika. Sakedhap kemawon! Lan, punapa Ki Sanak boten welas sakedhik-kedhika dhumateng sesamining titah ingkang saweg nandhang kasatan. Kamangka Ki Sanak, para kang kinunjara benjing enjing sampun badhe tinigas jangganipun, ateges badhe nemahi tiwas!”
Ngrungu pamothahe Trijatha mau, Trigangga rada nggronjal atine, lan tuwuh welase. Mung, mandheg tekan semono, tekan ing batin, dene tata laire kukuh olehe nindakake ayahan, sapa bae ora kalilan lumebu ing pakunjaran. Sapa bae kang nekad, kudu pinrawasa. Trigangga olehe ngudhar panantang mau karo paripeksa ngrebut kendhi saka tangane wadon mau.
Saiba kagete Trigangga, sawise kendhi pecah kang mula disengaja dening Trijatha, sumurup saka kendhi kang pecah mau muncul kethek putih kang madha rupa karo Trigangga, yaiku Anoman. Lelorone banjur padha bandayuda, adu atosing bebalung lan kandeling kulit. Pranyata, lelorone pancen darbe kasekten kang ora beda.
Pranyata, lelorone pancen padhadene darbe kasekten kang ora beda. Perang tandhinge munyuk putih lelorone mau njalari sumuking bumi, njur ndedel ing ngawiyat njalari para dewa padha melu krasa sumuk. Mula njur utusan Bathara Narada, salah siji tetungguling para bathara, supaya mudhun ing bumi, saperlu misah kang padha adu siyunge Bathara Kala.
“E, ee, lole-lole. Ayo, mandheg-mandheg olehe tukaran. Aja mbacut olehe dha kerengan…!” ngono aloke Bathara Narada saka langit. Anoman lan Trigangga, bareng tumenga ing akasa, lan padha sumurup Bathara Narada nedya rawuh ing bumi, uga banjur leren olehe kerengan. Lelorone banjur padha-padha ndheprok, ngaturake sembah sesedhokan katur Bathara Narada.
“Mangertiya ulun nedya nglungguhake dhodhok selehing prekara ing panggonan kang bener. Eee… Trigangga, satemene Anoman iku wong tuwamu dhewe. Ramamu, bapakmu. Dudu wong liya. Dasamuka iku dudu apa-apamu….” Bathara Narada njur ngawe Trijatha supaya nyedhak. Sawise iku Bathara Narada mbacutake dhawuh, “Eee, Trijatha, satuhune Trigangga iku putramu dhewe, getih dagingmu dhewe, cuwilaning jiwa lan ragamu. Dadi, Trigangga, ibumu Trijatha, dene ramamu, Anoman….!”
Tetelune kang padha oleh dhawuh tumungkul, lan sanalika iku Anoman njur mak nyutt ngumbar lelamunane bali ing “kala-kala” kawuri, duk nalika para jejungguling para prajurit Suwelagiri, kalebu sang junjungan Ramawijaya lan Laksmana sasat ora bisa polah kabanda dening ula gedhe cilik, awit ketaman panahane Indrajid kang aran Nagapasa. Iki njalari Prabu Dasamuka banget olehe girang gumuyu, banjur bisa mesthekake yen sedhela maneh bakal unggul ing yuda.
Kanggo ngyakinake Dewi Sinta yen ora suwe maneh Ramawijaya dalah Laksmana bakal tumekaning lalis, Prabu Dasamuka ndhawuhake parentah marang sawenehing prajurit pajineman kang pinarcaya, ndherekake Dewi Sinta mirsani palagan kang lagi tinengeran ing ewon cacahing prajurit rewanda kang katon padha pepes atine jalaran kabanda ing ula sarta naga awit saka kekuwataning panah Nagapasane Indrajid, klawan nitih kreta pusaka Alengka, kang saben-saben tinitihan Prabu Dasamuka yen pinuju nganglang negara. Sanyata Dewi Sinta banget angluh penggalihe bareng mirsani kanyatan kaya ngono mau.
Banjur dhawuh marang Trijatha kang tansah setia leladi lan ndherekake, “ Yen ngono pedah apa aku dadak ngenteni pletheking surya sesuk. Luwung aku, sawise tekan ing Taman Argasoka maneh lampus dhiri, suduk salira. Mara Trijatha, dienggal cepakna patrem kagunganingsun…!!”
Jalaran ora bisa ngampah trenyuhing ati, eluhe Trijatha balambangan nelesi pangarasan kiwa-tengen. Banjur ature klawan mingseg-mingseg, “Saget ugi sadaya kalawau namung reka pandamelaning Uwa Prabu, kados ingkang sampun-sampun. Nyatanipun beda kaliyan sanyatanipun…!”
Sawise rawuh ing Taman Argasoka, lan pirsa Trijatha njur dandan ngrasuk busanane wadon pidarakan, Dewi Sinta ndangu klawan swara lirih, “Lho, sira arep menyang endi. Apa sira ora kepengin nyekseni anggoningsun nedya lampus dhiri, minangka pratelan setia tuhuku marang garwaningsun satriya Rama?”
“Mugi anggen paduka nedya lampus dhiri, dipun sarantosaken sawetawis. Trijatha badhe ngyektosaken leres botening punapa ingkang paduka pirsani ing palagan. Trijatha dereng yakin saderengipun angsal dhawuh saking rama Wibisana. Mila, keparenga kusumaning ayu leren wonten ing Argasoka. Keng abdi pun Trijatha nedya nungka pawartos dhateng bapa Wibisana….” “Iya Trijatha, ning aja suwe-suwe…!”
Nalika iku Trijatha mung pinjungan, rambut diudhar ngrembayah nutupi pamidhangan, muwuhi sulistyaning rupa. Ing bengi kang sepi mau Trijatha karo saben-saben cincing-incing agemane tapih lurik biru maya-maya tilas bar wedelan, nasak ara-ara palagan kang asarah wangkene prajurit buta apadene rewanda, kewan. Angganda arus. Ning abeh mau ora dipaelu. Lan ora ulap pamawase nyumurupi muncule banaspati kang abang rai sarta mripate mendolo. Bangsa lelembut liyane kang awujud jrangkong, wedhon, ilu-ilu, wewe. Mung kang sok gawe mrinding lan mirise Sang Dewi, nalika mireng swarane manuk saba bengi, lan swara panguwuh saka buri, kang bola-bali nyandhet lakune, “Mandheg wong ayu. Lan aja kebat kliwat tindakmu. Dedalan kang arep sira liwati banget rumpil, akeh endhut kang kecampuran getih, kang bisa njalari ampeyan andika kajeglong ing lelowakan…!!” Bareng karo sumribiting angin bengi kang sepi, swara lamat-lamat mau sumriwing cetha ing talingane.
Ning suwe-suwe Trijatha kepeksa mandheg, bareng pundhake karasa kajawil ing tangan, mula njur noleh. Lan, saiba kagete dene kang tansah ngreridhu lakune mau ora liya Anoman, munyuk putih kang disumurupi lan ditepungi nalika Anoman malumpat sampun prapteng witing nagasari……..ing Taman Argasoka.
Gupuh Trijatha olehe miterang, “Lho, jengandika kok ana kene. Sapa kang wewarta?” Anoman bares yen ora ana kang wewarta. Kang wewarta atine dhewe. Krasa yen Trijatha lagi ing sajroning bebaya, nedya ngyakinake marang ramane ngenani sumebaring warta yen Sang Ramawijaya dalah rayine ora suwe maneh bakal tumekaning lalis.
“Yen ngono, mangga dakdherekake!”
Trijatha rada kacipuhan olehe nanggapi,senadyan ing batin banget bungah dene ana kolik priya, priyagung Anjani Putra, Anoman, kang saguh andhampingi miyak petenging wengi kang sepi. Sadurunge tekan ing pasanggrahane rama Wibisana Anoman ajak-ajak Trijatha wijik dhisik ing kali cilik kang banyune grumrining lan kemricik ora adoh saka kono. Trijatha manthuk. Satemene pancen iya wis krasa risih. Sikile kang putih kebulet endhut kang angganda marus.
Sawise reresik njur mbacutake laku. Tekan ing pasanggrahan, rama Wibisana lagi mangun semadi, minta nugrahaning Bathara supaya para wadyabala rewanda dalah sesembahane ing bumi, yaiku Ramawijaya dalah Laksmana tumuli bisa wudhar saka bebandane ula lan naga. Kalorone kepeksa kudu sabar nyranti nganti wudharing semadine Sang Wibisana. Sawise wudhar anggone sesedi, ora saranta njur gapyuk rerangkulan. Kalorone padhadene nyuntak rasa kangen awit wis ana sawetara wektu suwene ora ketemu. “Nini Trijatha, nawung kawigaten apa dene sira ing bengi kang samun iki kusung-kusung sowan? Apa pancen lagi ngemban dhawuhe sang kusumaning ayu Dewi Sinta?”
Gurawalan Trijatha olehe atur wangsulan, ning ora ninggal aluring suba sita, “Kasinggihan Rama, anggen kula kusung-suwung sowan, mila nawung wigatos sanget. Inggih punika, badhe nakyinaken punapa estu Sang Ramawijaya dalah rayi, badhe tumunten tumekaning lalis, kaparawasa dening Uwa Prabu Dasamuka? Kusumaning ayu Dewi Sinta namung badhe percados bab warta kalawau –leres botenipun–saking dhawuh pangandika Njeng Rama!”
“Mangertiya Nini, kang sira suwunake priksa mau, satemene isih dadi sengkeraning Jawata Linuwih. Mung anut wisik kang sun mirengake ing sajroning mangsah semadi mau, lelampahane Sang Ramawijaya dalah sawadyabalane ing Suwelagiri kene, durung bakal buthek awit saka panggubeding ula lan naga mau. Ayo, padha bebarengan ngajokake panyuwunan marang Bathara, murih sadurunge pletheking surya sesuk esuk, ula-ula sarta naga gedhe cilik kang anggubed para wadyabala wanara, kalebu junjungan kita Sang Rama dalah rayi, istingarah wis bisa pupus, pepes, satemah nemahi lalis….!”
Sawise iku Trijatha kaya tinundhung dening keng rama, supaya tumuli bali ngaturake dhawuh pangandika mau marang Dewi Sinta ing Taman Argasoka. Anoman dikeparengake ndherekake sarta anjampangi lampahe Dewi Trijatha. Satekane jaban pasanggrahan Trijatha kang mung tapihan pinjung lan rambut nutupi pamidhangane sigra binopong dening Anoman, mak ceg, njur mesat ndirgantara nututi playuning mega-mega tipis kang padha balapan mlayu ana ing langit biru. Padhang sumilak, pinasren ing bulan moblong-moblong lagi mamerake cahyane kang bening rinubung lintang-lintang gedhe cilik tanpa wilangan cacahe, pindha mutiara kang sumebar ing bludru biruning langit. Trijatha binopong saya kenceng, sarta kinekep-kekep saya rapet, Trijatha anane tansah mung nglanggati ing karsane kang mbopong lan ngekep.

Tentang taoefiq27

I'm only usual man
Pos ini dipublikasikan di Tokoh dan tag . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s